Tanggap Wacana

Kanthi muji syukur ing Gusti Ingkang Maha Agung, kula taksih pinaringan nugraha sahingga saget ngracik ukara Tanggap Wacana punika.

Mugi-mugi atur kula punika boten andadosaken cidra. Mugi sageta nambahi suka rena. Hamung kula tadhah asta, hambokbilih atur kula punika taksih kathah ing panyendu. Ingkang punika, kula namung nyuwun agunging pangaksama.

Kanthi manah ingkang rila legawa, kula ndherek suka syukur ing Gusti Ingkang Maha Agung dene sampun kepareng paring rohmad dhateng H. Soeparno Hadimartono, BA, sabrayat. Kacihna wonten ing ari kalenggahan punika sampun kepareng ngawontenaken tanggap warsa kencana anggenipun palakrama.

Kanthi tanggap warsa punika, mugi-mugi H. Soeparno Hadimartono Sarjana Mudha tansah pinaringan bagya mulya. Kalis ing rubeda, nirmala, nirbaya. Saged ngraosaken nikmating Dirga Yuswa. Amin.

H. Soeparno Hadimartono ingkang bagya mulya, kangge dedongengan kagem para putra-wayah, kula aran dongeng sawetawis pancenipun punika ngayawara. Awit sadaya sampun katindaken H. Soeparno Hadimartono.

Para putra wayah, keparenga kula ngaturaken ingkang sampun katindaken H. Soeparno Hadimartono ing salebeting 3 jaman. Tiga jaman punika: Jaman Ordhe Lama, Jaman Ordhe Baru lajeng Jaman Reformasi. Andaranipun:

1.Jaman Ordhe Lama
Ing madyaning Orla, H. Soeparno Hadimartono sampun kiprah mimpin Petani. Inggih punika paguyubanipun kaum tani ingkang condong dhateng PNI. Ateges taninipun PNI manawi para wanitanipun kawastanan Wanita Marhaens. Sampun ngantos klentu kaliyan Barisan Tani Indonesia (BTI). Manawi punika tani ingkang dateng PKI manawi wanitanipun Gerwani.

Kepareng kula susulaken; kala punapa dipun wastani Orde Lama punika? Orde Lama punika mujudaken jaman saderenganipun pemerintahan dipun pimpin Presiden Suharto. Dados kala jaman Bung Karno (1945-1966). Rikala jaman Orde Lama, rakyat Indonesia menawi dipun golong ageng alitipun miturut partai politik hasil Pemilu 1955, mekaten; Partai Nasional Indonesia (PNI), Nahdlatul ’Ulama (NU), Masyumi lajeng Partai Komunis Indonesia (PKI).

Ing jaman Orla, PKI ngawontenaken gerakan ingkang dipunwastani Aksi Tanah. Tujuanipun nguwaosi tanah saparlu badhe dipun dum dumateng rakyat. PNI lajeng nandingi ngawontenaken Aksi Tani inggih punika pengusaan tanah kangge para sedulur petani. Miturut engetan kula, tanah ing Donoloyo rikala semanten saget dipun kuwaosi Aksi Tani ingkang dipun pandegani H. Soeparno Hadimartono dkk.

Nuwun sewu, teka kula ndongeng ngeciprit? Inggih awit kaleresan rikala samanten, wiwit tahun 1958 kulo tinuding ngesuhi PDI (Pemuda Demokrat Indonesia) inggih punika kelompok pemuda ingkang dados underbow/aliansi-nipun PNI, dados mboten mokal menawi kula mangertosi kawontenan jaman semanten.

2.Jaman Orde Baru
Ing jaman Orde Baru, organisasi PNI saandhahanipun dipun awasi pamarintah. Malah ing jaman punika organisasi politik dipun ciutaken. Organisasi politk kadamel / kadadosaken 3 kelompok inggih punika: Partai Agama (PPP), Partai Nasionalis (PDI), saha Golongan Karya (Golkar), selajengipun kawiwitan ada-ada Golkarisasi.

Makaten ugi para pangarsaning organisasi ingkang abdi nagari, kedah mlebet Golkar. Sinten ingkang makarya kedah mlebet Golkar. Kalebet ugi H. Soeparno Hadimartono, samanten ugi ingkang matur punika. Pramila ing satunggaling dinten, H. Soeparno Hadimartono sarencang katimbalan dateng Kecamatan Slogohimo, awit dipun anggep dereng netepi dhawuhipun pamarentah Orba. Sesarengan sadherek gangsal inggih punika: H. Soeparno Hadimartono, (Alm) Sudirjo HP, (Alm) Suparno WD, (Alm) Sarjono, lajeng Sulih HP inggih kula piyambak.

Sakawit sadherek gangsal kalawau sami ngaturaken argumentasi saha sabela diri. Ngaturaken bantahan-bantahan. Nanging sareng Danramil Slogohimo ngendika: ”Saudara-saudara pada malam Jumat Legi jam 12 malam memasang gambar di pohon kluwih di daerah Banjar Bulusari. Ini bukti saya”. Sadaya cep klakep boten cemuwit, hamung samya tumungkul hamarikelu.....

Tumetesing waspa Ibu
Sawijining enjang kang Ibu/eyang, inggih Ibu Sulamsini, tinimbalan dateng Koramil. Konduripun njujug pondhok kula kanthi rawat waspa (tawan tangis).

Sareng sampun atus ingkang waspa, kersa ngendika; panjenenganipun dipun dakwa anggotanipun Ibu Saryoko, ingkang rikala semanten dados Ketua Gerwani. Landesanipun pandakwa adedasar panyakrabawa; awit mokal H. Soeparno Hadimartono ingkang dados guru wonten Kismantoro saged pindah dados guru wonten Slogohimo, manawi Ibu Sulamsini mboten anggotanipun Ibu Saryoko. Rikala semanten ingkang dados PS pancen Bapak Saryoko ingkang ugi dados ’gegedhukipun’ PKI. Ateges Ibu Lamsini dipun dakwa anggota Gerwani.

Tertamtu Ibu Sulamsini mboten saget nrimah pandakwa punika, amargi bukti sampun jlentreh bilih Bapak H. Soeparno Hadimartono mekaten kawit muda rikala taksih wonten SGB sampun dados Marhaenis tulen.

Pindahipun H. Soeparno Hadimartono saking Kismantoro dateng Slogohimo mligi amargi kawontenan saperlu saget kempal kalian keluarga.

3. Jaman Reformasi
Ing jaman Reformasi utawi wekdal punika, H. Soeparno Hadimartono durung kersa keri, isih kepareng mbudidaya amrih kang wus kawuri bisaa bali. Mila mboten aneh taksih kersa ngesuhi IPPK saha PWRI. Awit manawi kula tingali, jiwa perjuangan sampun rumasuk balung sumsum. Dados sampun boten saged katilar.

Pepuntoning atur, ingkang crita punika hamung ndherek mangayu bagya kagem ingkang katemben tanggap Warsa Kencana (50 warsa). Mugi Gusti tansah paring nugraha. Satemah kalis ing sambekala tulus raharja tumekeng pada, selajengipun para putra wayah samya anulada reh kang utama punika saha saget hanglajengaken gegebenganipun H. Soeparno Hadimartono.
Amiin, Amiin, Amiin Ya Robal Alamin.


Sulih Hadisiswoyo, BA; lahir di Bulukerto, 10 Januari 1936. Lulusan IKIP Veteran Sukoharjo. Mantan guru SD, mantan Kepala Sekolah SD, mantan guru SMP Pancasila V Slogohimo serta mantan pengawas TK/SD. Istri: (Alm) Suyati, BA. Ayah dari 4 orang anak; Endang, Tutik, Yudi & (Alm) Rini. Saat ini tinggal di Koripan RT 02 RW II Slogohimo.

0 komentar:

Posting Komentar

Sedhahan


Blog punika mugi dados sarana kangge sarasehan dhumateng sedaya sanak kadang mitra rowang gegandhengan kaliyan Biografi H. Soeparno Hadimartono ingkang sampun dipun terbitaken rikala tanggal 20 Pebruari 2010.

Sumangga ingkang badhe nderek nyerat utawi maringi pamrayoga kula sumanggaken...

Mugi saget ndadosaken suka rena saha pikantuk seserepan ingkang migunani sak sampunipun maos Biografi punika.

Matur nuwun.